Selasa, 18 Oktober 2011

MASA KRISIS” MITURUT KAPUSTAKAN JAWI

Dening: Drs. IG. Krisnadi M.Hum*
Dosen Fakultas Sastra, Universitas Jember


1. Atur Pambuka
            Ing lembaran sejarah kabudayan Jawi paring keterangan manawa para leluhur kita ing mbiyen nate nglakoni urip bebrayan lan sesrawungan  ing Masa Krisis. Tembung Masa Krisis ing kapustakan Jawi kasebut kalabendu. Tembung kalabendu  nduweni teges tekane pagebluk lan prahara, amarga oleh kutukan saka Bethara Kala. Mangsa kang kaya mengkene iki  paring tetenger  akhlak kang semesthine dadi paugeraning urip bebrayan lan sesrawungan wis ambruk. Wong-wong  padha kethul mata-batine, amarga wis  nyingkurake tumindhak kautaman, lan malah padha lelangen suka marang  tumindak kang nistha. Ing kahanan kang kaya mengkene iki, amarga raja utawa para nayakane praja kang semesthine dadi pangrehe praja wis ora bisa paring tuladha, pangayoman, katentreman lan ora bisa paring karaharjan marang kawulane (Soemarsaid Moertono, 1985:56).
            Tembung kalabendu thukul  gegandhengan  karo panguwasa (raja) kang wis ora bisa ngereh praja. Raja  wis dianggep  ora bisa angleksanani kewajibane dadi  mediator antarane kawula lan Gusti (manunggale kawula lan Gusti), amarga raja wis koncatan wahyu kraton. Kahanan kang kaya mengkene iki banjur nukulake prahara lan pageblug. Adhedhasar kahanan kang kaya mengkono iku, banjur thukul  perkara kang wigati yaiku  kenapa panguwasa (raja) wis  ora bisa angleksanani dadi mediator antarane kawula lan Gusti?, lan mangsa kang kasebut kalabendu iku nduweni tetenger kang kepriye?
            Falsafah-ngaurip wong Jawa yaiku  Cakramanggilingan, tegese wong urip bebrayan  iku ora bisa pisah saka kawruh-kawibawane mubenge jagad (hukum alam). Lelakune wong urip bebrayan iku  kadya mubenge cakra (rodha), tegese wong urip bebrayan lan sesrawungan ing alam-ndonya iku ora ajeg, kadang ana ngisor banjur sesuk ana mendhuwur, kadang saiki mlarat banjur sesuk emben sugih utawa kosokbaline. Cakramanggilingan kang dadi falsafah-ngaurip wong Jawa nduwe kapercayan manawa kedadian sejarah ing biyen iku bisa kedaden maneh ing wektu saiki utawa  sesuke. Kedadian sejarah ing wektu saiki sejatine mono  mung balenan kedadian sejarah ing wektu mbiyen. Mula iku miturut panemune wong Jawa, mlakune sejarah iku mubeng (siklus) kaya mubenge cakra utawa rodha.
Wong Jawa nduwe panemu  manawa Masa Krisis kang dirasakake bangsa Indonesia ing wektu saiki (2006) saktemene mung balenan kedadian sejarah ing wektu mbiyen kang thukul maneh ing wektu saiki. Adhedhasar panemu kang kaya mengkene iki, banjur thukul perkara kang wigati  yaiku kepriye para leluhur kita ing wektu mbiyen ngupadi amrih bisane mbrantas   kala bendu?, lan apa kita bisa nyinau saka pengalamane para leluhur kita ing biyen  kanggo ngupadi amrih bisane mbrantas kala bendu (Masa Krisis) ing wektu saiki (2006)?

2. Wadhah Kang Becik
Miturut panemune ROG. Benedict  Anderson ing kitab kang sesirah GagasanTentang
(1)   Kekuasaan Jawa paring panemu manawa gagasan kekuasaan Jawa iku nduwe tetenger:
(2)   kekuasaan iku nyata. Kekuasaan dudu sawije gambaran kang teoritik, nanging pancen bener-bener ana lan nyata. Kekuasaan tegese tenaga (energi) tan bisa rinaba, ghaib (misterius) lan nduwe sesifat agung kang bisa hanguripi jagad. Kekuasaan kang kaya mengkene iki katon ing saisine jagad, umpamane manjing ing sajroning watu, wit-witan, banyu, geni, wesi aji lan sakpiturute;
(3)   Kekuasaan iku homogen, tegese sakabehe kekuasaan iku padha jenise lan nduweni sumber kang padha;
(4)   Gedhene kekuasaan ing jagad iku konstan, amarga kekuasaan iku tetep, tegese ora bisa tambah lan susut. Nanging marang wong kang ngupaya amrih bisa golek utawa nglumpukake kekuasaan bisa tambah utawa malah bisa mungsret (susut);
(5)   syah utawa ora syah dudu perkara kang wigati tumrape kekuasaan, amarga sakabehe kekuasaan iku  bisa “cinekel” saka sawijine sumber kang homogen. Kekuasaan iku ora ana gandheng rentenge marang tumindak kang becik (utama) utawa nistha (ala), amarga pancen kekuasaan iku luwih dhisik ana  tumrap tumindak manungsa kang becik utawa  nistha (1972:3-4).




            Wong Jawa ngupadi amrih bisane nglumpukake kekuasaan, diperlokake sawijine wadhah kang becik. Mula iku, thukul perkara kang wigati yaiku dudu kepriye carane migunakake kekuasaan, nanging kepriye carane ngwadhahi kukuasaan. Mula iku wong Jawa padha ambudi daya amrih bisane ngwadhahi kekuasaan kanthi cara matiraga kang bisa  tinindakake  kanthi cara suda dahar klawan guling (pasa), ngebleng (patigeni), ngrowot, kungkum ing sajrone sendang utawa kali, tapa ngrame,  pantang seks, maneges (meditasi), lan sakpiturute ( IG. Krisnadi, 1998:7).
            Miturut konsep Dewa-Raja, para raja ing tlatah tanah Jawa nduweni kasekten kang padha (identik) marang  kasektene para dewa (Gusti).  Mula iku, wong Jawa nduwe penganggep manawa para raja ing tlatah tanah Jawa yaiku  “Gusti kang mangejawantah”  kang manunggal marang kawulane. Mula iku apa kang sinabda dening raja kudu kaleksanakake, sabda raja tan kena lola-lali, prentah raja tan  binantah,    amarga sabda raja iku sejatine  titah Gusti. Mula iku panguwasane raja ing tlatah tanah Jawa tan-winates (absolut) (Soenarto Timoer, 1989) lan sinudarsana marang  kawulane.
            Kyai Yasadipura I ing kitab kang sesirah Serat Rama  paring keterangan bab raja  ideal (becik) kang bisa dadi idamaning kawula. Panjenengane angandikan manawa raja kang becik iku kudu nduwe sesifat Asta Brata (wolu kawicaksanan) yaiku: (1)  kaderdermawanan tan winates kadya Bethara Endra; (2) bisa mbrantas angkara murka kadya Dewa Yama (Dewa Maut); (3) kudu bisa mbujuk kanthi cara alus (luwes) lan bisa tumindak kawicaksanan kadya Dewa Surya; (4)  nduwe rasa welas asih kang kandhel tumrap kawula lan musuhe kadya sifate Dewa Candra; (5)  nduwe pikiran  lantip tur teliti kadya sifate Dewa Bayu; (6)  paweh sandang, pangan, papan  lan  panglipuran tumrap kawulane kadya sifate Dewa Kuwera; (7) kudu   bisa mbrantas  reruwete praja kang kaya ngapa angele kadya sifate Dewa Segara, Baruna; (8) nyengkuyung lan ngrembakakake  sifat bebener lan  gedhe  tekate  mbrasta  para kraman lan sakabehe tumindhak nista. (Soemarsaid Moertono, 1985:52).


3. Wadhah Kang Rusak
Kewajiban kang utama tumrape raja yaiku kudu bisa njaga  ketentreman lan karaharjane praja. Nanging ing kasunyatan, raja bisa lali anggone ngleksanakake kewajiban kang ngutama, mula  banjur nukulake prahara, para panguwasa lan kawulane padha nyingkurake tumindak kautaman , malah padha lelangen suka marang tumindak kang nista. Thukule kahanan kang kaya mengkene iki, amarga  raja wis  ora bisa nindhakake kewajiban kang utama yaiku dadi mediator antarane kawula lan Gusti. Tindak-tanduke raja wis ora padha maneh karo sesifate Gusti kang murbeng jagad. Raja lan para nayaka praja wis asor budine, malah  padha lelangen suka tumrap tumindak kang nista kayata  tumindak maling, main, madon, madat, mabuk (Malima) utawa tumindak “Korupsi, Kolusi, Nepotisme” (KKN).   Mula iku bisa den arani raja utawa para nayakane praja  wis ora bisa ngwadhahi kekuasaan saka paringane Gusti kang murbeng jagad, banjur wahyu keprabon oncat saka  wadhah kang wis rusak goleh wadhah kang becik (Ratu Adil). Kahanan kang kaya mengkene iki ing kapustakan jawi den arani kalabendu.  
Miturut panemune sejarawan kang wis kondang kaloka, Sartono Kartidirdjo, kalabendu ngemot teges mangsa ngarepi tekane Ratu Adil. Wong Jawa ing mbiyen nduwe kapercayan  manawa kalabendu iku thukul amarga kutukane Bethara Kala kang rerupa anane prahara,  lan pagebluk kang bisa nyengsarakake marang kawulane, amarga akeh duratmaka  (koruptor), begal, lan akeh wong nganggur kang bisa njalari  wong-wong padha keluwen. Kahanan kang kaya mengkene iki amarga raja lan para nayakane praja ora bisa “ngabdi” marang kawulane, nanging malah padha nguber gemerincinge ringgit (napsu kadonyan) lan sumilake jarit (napsu birahi). Ing  kahanan kang kaya mengkene iki,     banjur thukul pangarep-arep   tekane Ratu Adil kang bisa ngereh praja kanthi adil, mula banjur bisa  mbrasta sakabehe kala (tumindak nistha) lan sakbanjure bisa nukulake karaharjan, kabegjan, ketentreman tumrap kawulane (1971:14). Michael Addas (1988) nduwe panemu  manawa kalabendu iku sawijine mangsa kang nduduhake drajate praja lan akhlak kang dadi paugeraning urip kanggo sesrawungan lan bebrayan wis ambruk, lan wong-wong padha nyingkurake tumindak  kebecikan lan malah padha lelangen suka ing samodraning kanisthan kadya  sesifate manungsa primitif lan biadab. Ing kahanan kang kaya mengkene iki nduduhake manawa  jagate menungsa  samsaya tambah tuwa,  mula banjur ana kang ngupadi amrih bisa “ngenomake jagad” maneh kanthi pengarep-arep tekane Ratu Adil.        
Susuhunan Paku Buwana IX mbrasta sakabehe tumindhak nistha  ing kalabendu ora nganggo cara ngajak para kawulane ing sajrone gerakan mesianisme kanthi ngarep-arep tekane Ratu Adil, nanging panjengengane paring piwulang marang kawulane kanthi cara mbangun sastra kang bisa paring palupi tumrap kawulane kangng lagi nyandang kasengsaran ing kalatidha (kalabendu). Miturut Paku Buwana IX ing kitab kang sesirah Wulang Reh, paring tuladha ngenani bab kepriye tumindak kang becik amrih bisane  dadi wong Jawa kang becik lahir tuwin batine. Kitab iki bisa dadi penangkise kabudayan

manca negara kang bisa njalari thukule kalabendu.

4.  Uwal Saka Masa Krisis
            Ing wektu saiki, bangsa Indonesia lagi nandhang  prihatin, amarga lagi kena kalabendu (Masa Krisis). Akhlak kang ambruk (krisis moral), wis dadi pakulinan tumrap panguwasa lan para nayakane praja nglanggar wewaler (krisis hukum), budi kang asor (ilange rasa isin), KKNk ngrembaka kanthi subur,  daya ngrembakane  ekonomi-moneter kang lesu (Krismon), akeh pabrik padha tutup, wong-wong padha kelangan penggawean. Kahanan kang kaya mengkene iki kang ndadekake kawula cilik  padha angel golek sandang, pangan lan pangan, banjur  kaliren ing wekasane. Kahanan kang kaya mengkene iki  nukulake krisis  kapercayan  rakyat tumrap para nayakane praja (pemerentahan SBY). Para nayaka praja (pejabat) lan para cukong kayu padha tumindak  illegal-logging, lan kasus iki wis ngrembaka ing saindenge tlatah nuswantara. Kasus iki ora mung  ngrugekake negara kang trilyunan rupiah, nanging paring tuladha kang ora becik tumrape kawula cilik (rakyat). Para kawula banjur nduwe penganggep manawa para nayaka praja (panguwasa) wae bisa negor kayu ing alas saenake dhewe, lan ing “zaman repotnasi” kang kaya mengkene iki para kawula (rakyat) uga bisa negor kayu saenake dhewe. Mula iku  banjur alas-alas padha bothak utawa gundhul, banjur nekakake musibah yaiku ing mangsa udan ana kedadian banjir bandhang nganti thukulake  gunung jugrug, lan ing mangsa ketiga padha kesatan sumber kang bisa njalari para among tani padha nangis amarga ora bisa olah-tetanen. 
            Para winasis ing sakebehe disiplin ilmu wis padha paring sumbang-pikiran ing seminar-seminar bab kepriye amrih bisane uwal saka Masa Krisis, nanging badai krisis uga durung gelem ngalih.  SBY nalika jumeneng Presiden RI, banjur tancap gas ngupaya amrih bisa ngluwari Masa Krisis kanthi netepake Program 100 Hari Kerja. Kanggo mbuktekake manawa pemerentah SBY serius ngluwari Masa Krisis, banjur nangkepi para koruptor (tindak-KKN) lan diseret ing  Pengadilan, nanging kasunyatane anggone nangkepi para duratmaka (koruptor)  isih pilih-pilih.
Program 100 Hari Kerja ing pemerentahane SBY wis klewat, kepriye asile apa Masa Krisis wis bisa uwal? Kasunyatane, saksuwene SBY ngereh praja malah panen musibah kang bisa nambah kasengsaran kawulane. Kebijakan pemerentah Malaysia ngulihake para  TKI-illegal Indonesia, regejegan antarane RI karo Malaysia bab Pulau Ambalad,  banjur sinusul kedadian  Tsunami ing Aceh (26 Desember 2005), lindhu gedhe (gempa bumi) ing Pulau Nias, kacilakan montor mabur ing Solo lan Polonia Medan (2005),  kahanan kang ora tentrem ing Sampit, Poso, Ambon, , Papua lan bebaya teroris, banjir bandang lan gunung jugrug ing Panti, Jember (1-1-2006) lan anjlogke regane dhuwit (September 2005). Kahanan kang kaya mengkene iki samsaya tambah parah nalika  pemerentah SBY ngleksanakake kebijakan kang ora populis yaiku ngunggahake  rega BBM kang ora lumrah (tan tinemu nalar),  kebijakan ngimpor beras saka Vietnam lan pemerentah ora bisa ngudhukake regane rabuk, mung nambah kasengsaraning urip tumrap kawulane, kaya-kaya rasane  negara iki wis arep kiamat.. Kahanan kang kaya mengkene iku mung bisa nukulake rasa pesimis manawa  pemerentah SBY bisa nguwali  saka kalabendu.
            Isih ana gandheng rentenge karo Masa Krisis kang lagi sinandhang dening bangsa Indonesia,  Permadi SH, duwe panemu  manawa bangsa Indonesia saiki lagi oleh pacoban saka Gusti kang murbeng jagad, amarga kita kabeh padha akeh dosane, mula iku ayo padha bebarengan nyenyuwun pangapura lan kekuatan marang Gusti kang murbeng jagad amrih bisane nguwali Masa Krisis (Jawa Pos, 22 Desember 1997). Kanggo nguwali amrih bisane nguwali Masa Krisis mesthi wae ora cukup mung njaluk pangapura lan nyuwun kekuatan marang Gusti kang murbeng jagad,   nanging pemerentah SBY lan para kawulane kanthi lelambaran niat kang mantep lan  sakyeg saeka praya kudu bisa mbangun praja kang tentrem-ayem,  bebas KKN, tegake supremasi hukum, njunjung dhuwur akh lak kanggo paugeraning urip bebrayan lan sesrawungan, nyambut gawe kang  sregep lan ulet nganti bisa oleh karaharjan, murah  sandang, pangan, papan lan sakpiturute.        


-------o0o-----









 

 

 

Kapustakan


Addas Michael, 1988. Ratu Adil, Tokoh dan Gerakan Milenarian Menentang Kolonialisme Eropa. Jakarta, Rajawali.

Anderson Benedict R.O.G; 1972. Gagasan Tentang Kekuasaan dalam Kebudayaan       Jawa. Tanpa kota dan badan penerbit.

Jawa Pos, 11, 22, 29 Desember 1997.

Krisnadi, IG., “Wahyu Kraton Miturut Kabudayan Jawa,” dalam Jaya Baya No. 32, 12 April 1998.

Sartono Kartodirdjo, 1971. “Lembaran Sedjarah Indonesia No. 7; Messianisme dan Millenarisme dalam Sejarah Indonesia.” Jogjakarta, Seksi Penelitian Djurusan Sedjarah Fakultas Sastra dan Kebudajaan UGM.

Soemarsaid Moertono, 1985. Negara dan Usaha Bina-Negara Di Jawa Masa Lampau; Studi Tentang Masa Mataram II, Abad XVI Sampai XIX. Jakarta, Yayasan Obor Indonesia.

Soenarto Timoer, 1989. “Kajian Literer Unsur Keterbukaan Nilai Budaya Tradisional Jawa.” Makalah Seminar Nasional Keterbukaan Budaya di Universitas Jember, 15-16 Nopember 1989.

Suradi,  HP; 1988. Pengungkapan Isi dan Latar Belakang Serat Wulang Reh. Jakarta, Depdikbud. Dirjen Kebudayaan Direktorat Sejarah dan Nilai Tradisional.

Yunani, RM., “Sosok Wanita Ideal Ala Ken Dedes

Tidak ada komentar:

Posting Komentar